Workshop

Lho, kok aku maneh se?



Gak popo se sajakno, cumak arek-arek gelek tak tinggal. Sing nggarap iki, sing nggarap iku, sing onok acara iki, sing onok acara iku. Dadi gak kerumat. Sak aken yo. Tapi, yok opo maneh. Jenenge ae tugas, dadi kudu dilakoni sing genah, oyi?

Aku gelek se melok workshop-workshop sing diadakno Diknas. Nah, ndek tulisan iki aku gak kate ngomong sing abot-abot masalah workshop. Tuwas awakmu sing moco ngelu ya. Aku mek pingin cerito lapo ae se wong-wong ndek workshopan iku. Soale, kadang aku mikir, kadang lucu ae ndelok wong-wong ndek kono, termasuk ayas dhewek. Haha.

Biasane se workshop iku dilakoni luwih tekan sedino. Jare wong-wong, saiki mulai onok model anyar ndek workshop-wrokshopan. Model in on in. Duh keminggris kah, kakehan guaya. Lha ancen kok, ben onok undangan workshop, mesti munine in on in. Opo se in on in iku?

In iku artine di dalam, lek on artine di atas. Lha karepe opo? Lek in iku artine workshope bareng-bareng ndek panggonan, onok pematerine, oleh mangan dst. Lha lek on, iku biasae diarani waktu gawe nggarap tugas. Dadi mari in, terus onok tugas sing kudu digarap. Lha iku jenenge on. Maringono ngumpulno tugas, terus onok pertemuan in maneh. Dadi, in on in on in, terus ae gak mari-mari, haha.

Nah, lek tak delok pas acara-acara workshopan iku, onok hal-hal sing yo mesti dilakoni. Opo ae iku?

1. Salaman karo Bu Diknas.

Biasane, acara workshop dibukak ambek Bu Diknas. Bu Diknas biasae cerito ambek curhat masalah penggaewane. Sinh dilapori wali muridlah, onokm guru males lah, kepala sekolah korupsi tok lah. Duh bu, uripku wis soro ojok ditambahi soro. Haha. Tapi kadang tak gawe lucu ae, lha ibue dhewe yo nglawak. Gak popo bu, jare sampean kudu ikhlas, cek gak sambatan ae, engkok gampang tuwek karo elek, haha.

Lha biasae sak marie ngomong ndek sambutan, Bu Diknas metu tekan ruangan. Lha iku wong-wong podo rebutan salaman. Buk, salim buk, barokallah.

2. Kangen-kangenan

“Lho awakmu jek pancet tah? “
“Duh, tambah lemu ae se?”
“Lho jeh, wis ibar durung, wis duwe anak piro?”

Lha kan, gak wenak podo takok ibar. Biasae sing digoleki wong-wong iku yo ketemu konco lawas, takok sembarang kalir, mulai sing penting sampek sing gak puenting. Dadi workshop iki maleh semacam reuni. Suwe yo rek gak ketemu, ya allah.

3. Pameran gadget

“He, aku saiki duwe path, awakmu gak nggawe pisan a?”

Lha iki sing paling aku gak seneng. Rek, ojok koyok arek cilik, plis. Wis gerang. Jan asi kok, jaman saiki yo sing gadgetan iku gak ngerti wayah. 6 jam workhsop isine dzikir moco WA. Emboh wis onok materi opo sing dibahas. Ojok yo rek.

4. Nggawe grup WA.

Lha iki sing aku paling wegah. Ganok workshop ae aku wis duwe grup WA mulai SD, SMP, SMA, Kuliah, ndek kerjoan, ndek kerjoan sing ganok KS (gawe ngrasani, haha), durung grup dodolan tulisan. Lha ben onok acara onok WA.

Duduk opo-opo se, sing wegah saiki wong-wong senengane mbahas sing gak puenting. Ngirim memem sing jayus. Dadi, diluk-diluk sing jenenge HP iki klontang-klontang. Pas tak delok, tibeke gambar wong sing duh gak ilok didelok. Iki lho sing nggarai males, kate metu iku engkok onok pengumuman, dijarno yo nggarai ilfil. Bingung kan? Tapi kadang ndelok wong-wong ndek grup WA-WA iku yo lucu. Makane lek gak puenting jarang tak woco.

5. Turu

Iki ancen wenak dilakoni. Opo maneh lek nguantuk, mari mangan terus materie mboseni. Opo maneh sing ngekeki materi mboseni pisan. Mentolo nggowo bantal ae. Tapi gak ilok rek, mosok niat workshop malah turu.

6. Golek tas kresek

Lho gawe opo kok golek-golekan tas kresek. Lha gawe opo maneh lek gak gawe buntel kerdus berkat. Biasae iki lek workshope setengah dino. Dadi, biasae dikeki sego kotakan. Lha tapi akeh sing wegah mangan ndek TKP. Mangkane digowo mulih gawe anak bojoe. Mek yo iku, kadang lali gak nggowo tas kresek. Nah pas mulih, akeh wong-wong sing rebutan tas kresek. Kadang tas kresek abang sing gedhe dipek digawe adah sego kotakan. Lek ayas biasae tak pangan ae ndek kono, babah dideloki wong-wong lha timbang oyong-oyong. Terus jek durung duwe anak ojob pisan. Eh.

Terus opo maneh yo. Akeh se sajakno, tapi aku mek iling iku thok. Sing penting rek lek melok workshop sing genah. Ojok mek lambe turah tok, nggedabrus sak paran-paran. Wis ngono ae, engkok suwe-suwe aku koyok De Kador.




19 Comments

  1. hehe, maaf aku bingung mau komentar apa ini? haduh maaf banget ya, nggk ngerti bahasanya
    tapi kalau nggk salah "kalau ikut workshop yang bener jangan cuma banyak omong doang"

    ReplyDelete
    Replies
    1. heheh iya mbak, kurang lebihnya seperti itu...

      Delete
  2. aku sih orang jawa.. tapi baca tulisan ini bikin aku musti puter otak buat ngambil maksudnya... efek nggak bisa bahasa jawa. :'( .... ahahhaha

    ReplyDelete
    Replies
    1. ini bahasa jawa dialek Jawa Timuran mas, jadi ya agak aneh , hehe

      Delete
  3. pertanyaan paling menohok pas sesi kangen-kangenan. kapan kowe rabi ??? hehehehe

    ReplyDelete
  4. aeh... nggole kresekan iku sing paling mantep. nggowo kotak e piro mas? hehehehe

    ReplyDelete
  5. Ya Allah pake Google translate artinya malah makin berantakan pak guruuu

    ReplyDelete
    Replies
    1. Google Translate tidak mengkover bahasa Jawa Timuran mbak

      Delete
    2. May, ini bahasa ngalam mix jawa
      Google translate belom bkin. Aku bikin formula dulu ya 😂😂

      Delete
    3. iy may, ini bahasa asing yang perlu dipelajari, nunggu mbak Prisca bikin dictionarinya

      Delete
  6. Wuaa... Ha..Ha... Aku butuh mikir dulu sebelum ngerti apa yang kamu omongin. Meski bahasa Jawa, bahasa pertamaku, aku nggak biasa baca tulisan dalam bahasa ini.

    ReplyDelete
  7. Dadi sam, wes ibar a? 😂😂😂
    Ayas yo males ngene2 iki, biasae panggen gawe rasan2 hahaha

    ReplyDelete
    Replies
    1. durung, ngrasakno rabi -_-
      wis, rasan2 tok jebuse...

      Delete
  8. LOL,,,aku moco iki ambek ngwakak dewe, mbayangno aku yo nulis koyk ngene. Gak gampang, loh! Jian muantep,,,swenneg aku moco bosoku dewe koyok ngene,,,nggarai gak kroso nek aku saiki nggak neng mbatu maneh...

    Klontang-klontang,,loh, grup wa iku lak isok se di atur cek gak muncul unine? Cobaen talah...wkkk

    Aduh kok aku dadi semangat ngene yoh :D

    ReplyDelete
    Replies
    1. hahahaha yo ngene iki mbak bosone
      ayo ndang ngalup....

      hahaha iyo mbak aku baru sadar klo bisa dimute hihi

      Delete
  9. lima tahun dimalang, sudah ngertilah bahasa ngalam hahahaha

    ReplyDelete
Next Post Previous Post