Ceritane Wong Judes

Luuk kok moro-moro ngomong judes.



Ilustrasi (selipan.com)
Lha iyo. Iki ambu-ambune suwe gak nemu sing nandes komet. Lha kok iso?
Jebuse suwe gak ketemu nawak-nawak sing modele kate rabi tapi luuk gak sido-sido. Hus, gak oleh ngrasani wong. Duso.

Tapi koyoke jenenge lambe iki lek ngrasani wong iku gak marem. Jarene engkok keimpen. Duh kakean cangkem kah. Wong sing model opo se sing kate dirasani. Gak liyo yo saiki akeh arek judes. Waduh, uabot iki. Jaman wis sak mene sek judes ae. Sing gak judes ae durung payu-payu, iki judes.

Eh gak oleh se. Jodoh iku onok sing ngatur. Tapi aku dadi kepikiran koncoku sing mari ngamuk-ngamuk gara-gara mari ketemu mbak-mbak judes sing masak alah. Jarene nggarai moto sepet. Sampek disumpahi judese nurun pitung turunan. Naudzubilah.

Tapi lek aku se jenenge wong yo seje-seje. Onok sing seneng ngguyu, ramah tapi onok sing yo gak pati iso ngguyu. Seje-seje rek. Iso ae wong sing judes iku atine apik, seneng nulung mek wegah cengingisan karo wong akeh. Hati orang siapa yang tahu. Jarene se ngunu.

Mek yo jenenge urip iku gak mek dhewean. Kumpul ambek wong akeh. Kudu ngomong karo wong akeh. Paling enggak wong sekitar. Lek awakmu judes ambek lambene mencap-mencep yo sido digunemi wong sak kecamatan. Durung lek sing judes iku arek wedhok. Yo lek ayu lha iki elek. Sido digunem pindho, “Wis elek judes, yek nggilani”.

Duh kok maleh main fisik. Tapi aku gelek se nemu wong sing kemenyek dan judes. Lek ngomong suepet. Aku se gak pati nganggep paling iku yo ncen ket bien koyok ngunu. Tapi mbalik maneh, tibakno wonge lomane masak alah. Lek onok arek liwat dikeki jajan utawa panganan. Asale ati iki sing pegel dadi gak sido. Sak liyane iku iso se pawakane rupa iku koyok-koyoke judes. Tapi sajakno ora. Lek mesem dadi ilang judese. Dadi disenengi wong.

Gak mek wedok. Arek lanang yo ojok judes-judes. Aku tau ketemu ambek arek lanang petentang petenteng. Ngerti se sogeh, sepeade apik, jame merk swiss, kocomotoe ireng njepempeng. Tapi raine plerak-plerok. Ndelok wong-wong ndek sekitare suengit. Duh, mentolo ngeplak. Eh jebuse pas kate ngalup kangelan mbenakno sepedae solae ganok tukang parkir. Moro-moro ngglimpang. Luuk isin rek. Cobak lek ngene sing nulungi sopo.

Wis, makane ojok judes-judes yo. Sugih, ayu, pinter, ngganteng iku yo jek butuh karo wong liyo.  

20 Comments

  1. iki sakjane crito opo to?? ra mudeng aku :p

    ReplyDelete
  2. Kalau ayu, ganteng sugih judes masih dimaafkan. Kalau nilanua dibawah rata-rata, aduh. kasihan amat ya ?

    ReplyDelete
  3. kadang cewek judes itu gimana gitu mas....semakin membuat penasaran hihihi....
    Btw, aq g dong bahasamu mas :(

    ReplyDelete
  4. hah???

    hahahah
    aku nggak ngerti.. bahasa jawa cuma ngerti yang sederhana doang.. ini terlalu tidak sederhana.. hahah

    ReplyDelete
  5. podo-podo wong jowo, tapi ternyata logat e akeh sing bedo mas XD
    intine mah, dadi wong iku ra usah jude-judes. mundak disengiti wong liyo.

    ReplyDelete
  6. Walah walaaahh... iki ngomong opo to, ra ngertos aku.

    ReplyDelete
  7. Ihihi.. Roaming. Perlu mbah google utk translate

    ReplyDelete
  8. ini aku yang uda antusias banget kepo yaaa
    pas buka baca
    kirai bakal nemu bahasa indoensianya
    sampe akhir ternyata ga ada
    terus sekarang kayak ot=rang bego gitu liat dekstop komputer

    ReplyDelete
  9. Sampe harus minta suami yg orang solo utk terjemahin :p. Ra mudeng blass dari awal ampe akhir aku hahahah :p

    ReplyDelete
  10. Nek ketemu wong judes kampleng ae, lak engko tambah dijudesi sisyan. hihihi

    ReplyDelete
Next Post Previous Post